Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Download Soal UTS Bahasa Jawa Kelas 2 Semester 2 Kurikulum 2013 dan Kunci Jawabannya

Mariyadi.com. Setiap pertengahan semester 2 setiap sekolah menyelenggarakan kegiatan Penilaian Tengah Semester (PTS) atau Ujian Tengah Semester (UTS). Kegiatan Ujian Tengah Semester yang dilaksanakan pada semester 2 dinamakan Ujian Tengah Semester 2 atau Ujian Tengah Semester Genap, disebut juga Penilaian Tengah Semester (PTS) 2 atau Penilaian Tengah Semester (PTS) genap. Untuk persiapan menghadapi uts Kelas 2 semester 2 2022 ini siswa Kelas 2 SD/MI perlu berlatih Soal UTS / PTS Kelas 2 Semester 2 Kurikulum 2013 Revisi 2022.
Download Soal UTS Bahasa Jawa Kelas 2 Semester 2 Kurikulum 2013 dan Kunci Jawabannya
Download Soal UTS Bahasa Jawa Kelas 2 Semester 2 Kurikulum 2013 dan Kunci Jawabannya


Pada artikel ini saya membagikan contoh soal uts Bahasa Jawa Kelas 2 semester 2 2022 yang telah diterapkan sebagai soal uts Bahasa Jawa Kelas 2 semester 2 2022 di daerah kabupaten ngawi. Contoh soal uts Bahasa Jawa Kelas 2 semester 2 2022 ini akan tetap relevan digunakan sebagai bahan belajar sebagai Latihan soal uts Bahasa Jawa Kelas 2 semester 2 2023 maupun soal uts Bahasa Jawa Kelas 2 semester 2 2024 nanti.

Latihan Soal dan Jawaban UTS Kelas 2 SD Semester 2 untuk Latihan soal uts Kelas 2 semester 2 Bahasa Jawa ini dikembangkan dari kisi-kisi soal uts Bahasa Jawa Kelas 2 semester 1 2020/2021 telah diujikan sebagai soal Bahasa Jawa Kelas 2 semester 2 2021 sebagai acuan soal dan kisi-kisi pts Kelas 2 semester 2. Soal uts Kelas 2 semester 2 2022 Bahasa Jawa ini saya bagikan dalam bentuk soal uts Kelas 2 semester 2 pdf gabungan dari soal uts Kelas 2 semester 2 kurikulum 2013 revisi 2017 dan soal uts Kelas 2 semester 2 kurikulum 2013 revisi 2018 yang mana Soal PTS Kelas 2 Semester 2 dan Kunci Jawaban ini dapat diunduh dengan cara download soal uts Kelas 2 semester 2 2022 pada tautan pada akhir postingan ini.

Pratinjau Soal UTS Bahasa Jawa Kelas 2 Semester 2 Kurikulum 2013 dan Kunci Jawabannya
Wacanen kang patitis!
Pasar
Dhek wingi Rini ndherek ibune menyang pasar. Mangkate numpak kol angkudes. Mudhune ing ngarep pasar persis. Sepisanan njujug bakul bumbon pawon. Sing dituku brambang, bawang, miri lan lombok. Uga mrico, tumbar, kecap lan sapanunggalane. Banjur tumuju papan sayur. Tuku bayem, kangkung lan terong. Ora lali mundhutake karemane bapake Rini, yaiku bandeng presto lan iwak urang. Embahe dipundhutake roti bolu lan gethuk alus.

I. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b utawa c sak ngarepe tembung sing mathuk!
1. Rini ndherek ibune menyang ….
a. sawah
b. pasar
c. kebun

2. Budhale menyang pasar numpak ….
a. kol angkudes
b. bis
c. becak

3. Tukune brambang, bawang lan miri ana ing ….
a. bakul janganan
b. bakul panganan
c. bakul bumbon

4. Karemane bapake Rini yaiku ….
a. bandeng presto lan iwak urang
b. iwak pitik lan iwak urang
c. iwak pindhang lan iwak pitik

5. Embahe Rini dipundhutake ….
a. gedhang goreng
b. gethuk goreng
c. roti bolu lan gethuk alus

6. Bocah sekolah kudu sregep ….
a. nyambut gawe
b. sinau
c. dolan

7. Yen diparingi sangu ora kena dienggo jajan kabeh. Sebagean di ….
a. celengi
b. wenehake kanca
c. dititipake ibu

8. Nyelengi utawa nabung iku sing paling aman ana ….
a. celengan
b. bumbung
c. bank

9. Bapak lunga menyang Ngawi. Lunga basa kramane …
a. kesah
b. tindak
c. mlaku

10. Sawi, bayem, kangkung lan kacang iku kalebu jenenge ….
a. woh – wohan
b.janganan
c. kembang

11. Sing krasa mumet iku ….
a. wetenge
b. tangane
c. sirahe

12. … sing nyangoni Nana?
a. sapa
b. pira
c. ngendi

13. Srengenge mlethek ing sisih ….
a. kulon
b. kidul
c. etan

14. Duren, rambutan lan jeruk iku kalebu jenenge ….
a. panganan
b. woh – wohan
c. janganan

15. Usum udan diarani ….
a. ketiga
b. paceklik
c.rendheng

16. Mbak Lita latihan renang ana ….
a. kolam renang
b. kali
c. kamar mandi

17. Yen wayah esuk hawane ….
a. seger
b. panas
c. anyep

18. Godhong pari arane ….
a. so  
b. damen
c. jati

19. Urip rukun nuwuhake swasana omah dadi ….
a. kisruh
b. tentrem
c. congkrah

20. Aku durung mangan
Ibu ….
a. dereng dhahar
b. durung nedha
c. durung maem

21. Awake Dian panas, dipriksakake ana ….
a. terminal
b. pasar
c. puskesmas

22. Carane njaga kawarasan yaiku ….
a. mangan sing akeh
b. ngaso sing suwe
c. olahraga sing cukup

23. Saben dina aku nyelengi. Yen dibasakake krama ….
a. saben dina kula nyelengi
b. saben dinten kula nyelengi
c. saben dinten aku nyelengi

24. Kuthuk iku anak ….
a. bebek
b. pitik
c. manuk

25. Wong kang gaweyane nglakokake wayang diarani ….
a. dhalang
b. niyaga
c. waranggana

II. Isenana ceceg – ceceg ing ngisor iki kanthi patitis!
26. Yen tangi turu kemule kudu di ….
27. Anak sapi arane pedhet, yen anak wedhus arane ….
28.  Pengalaman kang bisa gawe guyu tumrap wong kang ngalami diarani pengalaman ….
29. Kula adus, ibu ugi ….
30. Ngilangi suket ing sela – selaning tanduran diarani …. 
31. Bank iku panggonan kanggo nyimpen ….
32. … cacahe sapi kuwi?
33. Supaya tandurane subur kudu ajeg ….. lan dirabuki
34. Yen arep budhal sekolah kudu … marang bapak ibu.
35. Papan kanggo sinau saben dina yaiku ….

III. Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki kanthi bener!
36. Dhapuken dadi ukara kang bener!
a. diparingi – aku – sangu – ibu.
b. mirsani – embah – wayang.
37. Sebutna apa bae tuladha urip rukun marang kanca!
38. Kepriye kuwajibanmu marang wong tuwo?
39. Ukara ing ngisor iki basakna krama!
Ibu mulih saka pasar.
40. Ukara ing ngisor iki basakna krama!
Bapak maca koran.

Download Soal UTS Bahasa Jawa Kelas 2 Semester 2 Kurikulum 2013 dan Kunci Jawabannya
Untuk Download Soal UTS Bahasa Jawa Kelas 2 Semester 2 Kurikulum 2013 dan Kunci Jawabannya silakan klik tautan dibawah ini: