Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Contoh Teks MC Pengajian Akbar Dalam Bahasa Jawa





Contoh Teks MC Pengajian Akbar Dalam Bahasa Jawa
Contoh Teks MC Pengajian Akbar Dalam Bahasa Jawa


Teks MC Pengajian Akbar Desa Kedunggudel

Assalamuaikum Wr Wb

Wonten ngarsanipun Shahibil Fadhilah, Al Mukarram, Bapak KH.Dr. Agus Budiarto, M.Ag saking Gemolong, Jawa Tengah ingkang minulyo.

Dhumateng panjenenganipun para alim ulama, ugi para sesepuh, ingkang dhahat kinabekten.

Dhumateng panjenenganipun Bapak Kepala Kedunggudel Kecamatan Widodaren, Bapak Mas’udi saha perangkat desa samudayanipun ingkang sinudarsono.


Dhumateng sagunging poro rawuh, kakung sumawono putri ingkang dipun rahmati dening Allah SWT.

Langkung rumiyin, wonten kalenggahan ingkang insyaallah kebak berkah punika, monggo kawula dhereaken, ngunjuaken raos syukur dhumateng ngarso dalem Allah Swt, kanthi waosan "alhamdulillahi rabbil 'alamien", dene punapa ngantos saat punika, kawula panjenengan sedaya taksih pinaringan mapinten-pinten nikmat, rahmat, taufik, hidayah soho inayahipun, sahingga katitik wonten ing siang punika, wanci punika, kawula panjenengan saget kempal manunggal wonten ing punika majlis, ing saperlu angrawuhi PENGAJIAN AKBAR DESA KEDUNGGUDEL. Mugi-mugi pakempalan puniko kacatet minangka amal kesaenan kawula panjenengan sedaya ingkang mangke wonten ing akhirat badhe nuwuhaken ganjaran saking ngarso dalem Allah Swt. Amien.

Shalawat soho salam mugi tansah katur, konjuk dhumateng ngarsanipun Nabi Muhammad Saw, kanthi waosan
"allahumma shalli 'ala sayyidina Muhammad wa 'ala ali sayyidina Muhammad",
Nabi akhiriz zaman ingkang dados suri tauladan tumrap kawula panjenengan sedoyo wonten ing panggesangan punika. Mugi-mugi kawula panjenengan sedaya, khususipun ingkang hadir wonten ing punika majlis kalebet golonganipun ummat ingkang badhe pikantuk syafaatipun benjeng wonten ing Dinten Akhir. Allahumma amien.


Saklajengipun, minongko pranoto adicoro, kirang prayogi menawi kawula ngathahaken atur. Pramilo, keparengo kawula ngaturaken reroncening adicara ingkang sampun rinancang dening panitia:


Adicara ingkang angka pambajeng, inggih punika pambuka.
Adicara ingkang angka kalih, inggih punika waosan ayat suci Al- Qur'an.
Ndungkap adicara ingkang angka tiga, inggih punika sambutan- sambutan.

Kalajengaken adicara ingkang angka sekawan, kawula panjenengan lumebet dhumateng adicara ingkang inti, inggih punika, Pengaosan Akbar saking Panjenenganipun Bpk. Drs. KH. Wachid Muchtarom, M.PdI. Ingkang badhe dipun iringi kalian pagelaran seni budoyo Wayang Kulit Dakwah "Ngudi Nugeroho" pimpinan Ki Dalang Wahyono saking Madukoro Banjarnegara
Wondene adicara ingkang pungkasan, nun inggih panutup.
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan, sumonggo adicara wonten ing dalu puniko kito awiti sesarengan kanthi maos surah Fatihah.


Liridhalilahita'ala wa syafa'ati rasulillah shalallahu 'alaihi wasalam alfatihah:





Mugi-mugi kanthi waosan suratul Fatihah punika, adicara punika mangke sagedo lancar wiwit awal dumugi akhir. Amien.


Adicara ingkang angka kalih, badhe katur waosan ayat-ayat suci Al Qur'an, ingkang dalu punika badhe dipun aturaken dening sedherek Hadiman kanthi Saritilawah sedherek Hesti Rahayu,


Dhumateng Sedherek Hadiman kaliyan Hesti Rahayu, kawula sumanggaaken.


Matur nuwun dhumateng Sedherek Hadiman kaliyan Hesti Rahayu, mugi-mugi amal kesaenan panjenengan pikantuk ganjaran ingkang murwat saking ngarso dalem Allah Swt. Kawula panjenengan ingkang midhangetaken ugi pikantuk rahmat saking ngarso dalem Allah swt. Mugi-mugi kanthi waosan ayat suci Al- Qur'an kalawau, saged dados sarana saya lancaripun adicara wonten ing dalu punika.


Para rawuh ingkang kinurmatan, kito lumebet dhumateng tataran adicara ingkang angka tiga, inggih punika sambutan-sambutan.


Ingkang sepindah, sambutan saking panitia, ingkang badhe dipun sarirani dening panjenenganipun Bapak Aji Nur Wibowo. Dhumateng panjenenganipun Bapak Aji Nurwibowo kawula sumanggaaken.


Matur nuwun dhumateng Bapak Aji Nurwibowo ingkang sampun kerso paring sambutan amawili panitia.
Saklajengipun, sambutan ingkang kaping kalih, inggih punika saking Bapak Kepala Desa Gumingsir. Dhumateng panjenenganipun Bapak Bejo Suroso, kawula sumangga'aken.


Matur nuwun dhumateng Bapak Bejo Suroso minangka Kepala Desa Gumingsir ingkang sampun kerso paring sambutan wonten ing adicara dalu punika.


Hadirin wal hadirat rahimakumullah' Mekaten kalawau, sambutan mbaka sambutan sampun katur wonten ing ngarso panjenengan sedoyo.


Saklajengipun, lumebet dhumateng adicara ingkang angka sekawan, nun inggih adicara inti, Pengaosan Akbar babagan Isra' Mi'raj ingkang wonten ing kalenggahan punika badhe dipun wedharaken dening Panjenenganipun Bapak KH. Wachid Muchtarom, M.PdI ingkan badhe dipun iringi kalian pagelaran Wayang Kulit Dakwah "NGUDI NUGEROHO" pimpinanipun Ki Dhalang Wahyono saking Madukoro Banjarnegara. Lajeng mangke wonten akhiring Pengaosan dipun suwun barakah doa'ipun sekaliyan adicoro panutup.


Para lenggah ingkang kinurmatan, Sakderengipun panjenengan Almukarom Bapak KH. Wachid Muchtarom medharaken pengaosan, kawula minongko pranoto adicara mbokbilih wonten klenta klentunipun atur, saha kirang trapsilaning atur, purwa, madya, wasana, kawula nyuwun agunging sih samudra pangaksami.


Dhumateng Panjenenganipun Bapak Drs.KH. Wachid Muchtarom, M.Pdi, wekdal sakcekapipun sumonggo katur.


Minongko pranoto adicoro Kawulo akhiri Billahittaufiq wal hidayah, wa rridha wal inayah. Tsumassalamu'alaikum Warahmatullah Wabarakatuh.

Assalaamu’alaikum Wr.Wb 

Ingkang kinabekten panjenegan ipun ustadz KH. Dr. Agus Budiarto, M. Ag 

Ingkang kinabekten panjenegan ipun Kepala Desa Kedunggudel, Bp. Mas’udi 
saha perangkat desa samudayanipun ingkang sinudarsono.

Ingkang kula hormati para alim ulama’ ugi para sesepuh, soho poro bapak ibu Hadhirin Rokhimakumulloh.

Hadhirin-Hadhirot Rokhimakumulloh, langkung rumiyin monggo kito panjataken raos puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi kito pinten-pinten kenikmatan, sehinggo wonten ing dalu puniko kito saget makempal wonten ing panggenan mriki kangge mengeti PENGAOSAN AKBAR, kanti wilujeng mboten wonten halangan setunggal punopo.

Sholawat soho salam mugi-migi kunjuk dumateng Nabi Muhammad SAW, engkang mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah engkang kito raosaken sak meniko, soho engkang kito antu-antu syafaatipun wonten ing yaumil Qiyamah Amin.

Wonten mriki kuwulo kajibah minongko pranoto hadicoro, badhe maosaken susunan acoro wonten dalu puniko:

Adicoro kaping setunggal inggih meniko : Pambuko
Adicoro kaping kalih inggih meniko : Wosan ayat-ayat suci Alqur’an
Adicoro kaping tigo inggih meniko : Sambutan-sambutan
Adicoro kaping sekawan inggih meniko : Inti Pengaosan dilajeng Do’a
Adicoro kaping gangsal inggih meniko : Penutup

Acoro kaping setunggal inggih puniko pambuko, monggo acoro wonten ing dalu puniko kito bikak kanthi waosan Al fatihah sesarengan.

Adicoro kaping kaleh enggeh puniko waosan ayat-ayat suci al-Qur’an ingkang bande dipun waos dumateng Bp. Mualimin, wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.

Adicoro engkang kaping tigo enggeh puniko sambutan-sambutan: 

Sambutan ingkang kaping setunggal saking ketua Panitia Pengaosan Akbar  Desa Kedunggudel,  dumateng panjenenganipun Bapak  Mubayin wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.

Sambutan ingkang kaping kalih saking Kepala Desa Kedunggudel, dumateng panjenenganipun Bapak Mas’udi,  wedal soho panggenan kulo sumanggaaken. 

Sambutan ingkang kaping tigo saking Ketua Muspika Kecamatan Widodaren utawi ingkang mewakili, dumateng panjenenganipun Bapak…………………………..,  wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.

Adicoro ingkang sekawan inggih puniko Istirahat dipun Hibur kalian Group Hadrah “ LINTANG SONGO”, 

Adicoro kaping gangsal enggeh puniko Inti Pengaosan  dipun lajengaken do’a, dumateng panjenenganipun Bapak KH. Dr. Agus Budiarto, M.Ag saking Gemolong,  Jawa Tengah, wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.

Adicoro kaping pungkasan inggih puniko penutup, monggo acoro pengaosan wonten ing dalu puniko kito tutup kanthi waosan hamdallah sesarengan. “ ALHAMDULILLAHI ROBBIL ALAAMIN”

Mekaten saking kawulo menawi wonten atur engkang kirang mranani dumateng penggaleh panjenengan sedoyo kulo nyuwun agungin pangapunten.
Wassalamualaikum Wr.Wb

Artikel Menarik Lainnya