Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Sambutan Perwakilan Kelas 1-5 dalam acara perpisahan Kelas 6 SDN Sekarjati 1 Karanganyar

mariyadi.com
Sambutan Perwakilan Kelas 1-5 dalam acara perpisahan Kelas 6 SDN Sekarjati 1 Karanganyar
SAMBUTAN PERWAKILAN KELAS 1-5

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Bismilah alhamdulillah lahaulawalakuwata illa billah amma ba’du
Ingkang dahad kinormatan Bapak kepala sekolah SD negeri Sekarjati 1.
Bapak ibu guru ingkang kulo hormati
Lan konco-konco ugi adek-adek sedoyo kemawon ingkang kulo tresnani
Monggo kito sedoyo sesarengan ngonjukaken puji syukur dumateng Gusti ingkang Moho Agung, ingkang sampun maringi nikmat kuwarasan dumateng kito sedoyo, sahinggo saged sesarengan kempal wonten adicoro perpisahan siswa kelas enam sameniko.
Sholawat salam kagunganipun Gusti Alloh mugi-mugi konjuk dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW.



Bapak ibu guru ingkang kulo hormati
Wonten wekdal puniko kepareng kulo atas nami kelas setunggal ngantos kelas gangsal ngaturaken selamat kagem kelas nem ingkang sampun nglampai ujian nasional, mugi-mugi mawon hasilipun sae, kanthi pangajab, mugi-mugi kakang-kakang kulo nerasaken perjuangan kagem masa depan ingkang sae, saget nerasaken wonten sekolah ingkang pun cita-cita aken.

Bapak Ibu guru, poro rawuh, soho konco-konco ingkang berbahagia
Kulo minongko sesulih kelas setunggal ngantos kelas gangsal, ngaturaken gunging panuwun ingkang seageng-agengipun dumateng kakang-kakang kelas nem ingkang sampun mbimbing kulo soho maringi contoh ingkang sae, sahinggo kito saget ginau dados lare ingkang rajin, trampil, cekatan, soho kreatif.

Bapak Ibu guru soho poro rawuh ingkang kinormatan
Mboten supe, kulo kelas setunggal ngantos kelas gangsal nyuwuh pangapunten ingkang setulus-tulusipun sedoyo kekhilafan selami sesarengan kito. Kakang-kakang sedoyo, selamat jalan kakang
“DON’T FORGET ME FOREVER”

Bapak Ibu ingkang kola hormati
Mekaten ingkang saget kulo aturaken, sedoyo kelepatan nyuwun pangapunten.


Wabilahitofik walhidayah.